• logo nu online
Home Nasional Warta Sejarah Khutbah Taushiyah Kuluwung Ubudiyah Daerah Keislaman Syariah Obituari Risalah Doa Tokoh Tauhid Profil Hikmah Opini Wawancara PWNU Ngalogat Ekonomi Lainnya
Sabtu, 20 April 2024

Khutbah

KHUTBAH IDUL ADHA

Khutbah Idul Adha Basa Jawa Dermayu: Ibadah Kurban lan Transformasi Sosial

Khutbah Idul Adha Basa Jawa Dermayu: Ibadah Kurban lan Transformasi Sosial
Khutbah Idul Adha Basa Jawa Dermayu: Ibadah Kurban lan Transformasi Sosial. (Ilustrasi: NUJO/ M Iqbal).
Khutbah Idul Adha Basa Jawa Dermayu: Ibadah Kurban lan Transformasi Sosial. (Ilustrasi: NUJO/ M Iqbal).

Khutbah kaping satunggal


اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ الله وَبَرَكَاتُه
اَلله اَكْبَرُ x٩
اَلله اَكْبَرُ كَبِيْرَ وَالْحَمْدُلله كَثِيْرًا وَسُبْحَان الله بُكْرَةً وَاَصِيْلاً.  اَلْحَمْدُ لله الْوَاحِدِ الأَحَدِ اَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَهُوَ الْفَرْدُ الصَّمَدُ . اَشْهَدُ اَنْ لَااِلٰهَ الَّاالله وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ. فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيِ قَالَ يَابُنَيَّ إِنِّيْ أَرَى فِى الْمَنَامِ أَتِيْ اَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى قَالَ يَأَبَتِ افْعَلْ مَاتُؤْمَرُ سَتَجِدُنَيْ اِنْ شَاءَلله مِنَ الصَّابِرِيْنَ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٌ وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنِ. 
اَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله حَقَّ تُقَاتِهِ.
 


Allahu Akbar 3x walillahi hamd!
Sedérék kaum Muslimin ingkang berbahagia


Teng énjing ingkang berbahagia puniki, kula sedaya maksih saged mirengaken kagunganipun Gusti Allah swt kelawan kagungan kaliyan kawasanipun teng selebeté alam raya puniki, mugi-mugi shalawat kula sedaya kelawan ijinipun Gusti Allah dugi dumateng Kanjeng Nabi Muhammad saw.


Ibadah kurban ingkang dipun lampahi umat Islam sedunya teng selebeté saben Riyaya Idul Adha nggadahi asal kabagjaan kelawan pengalaman agami Nabi Ibrahim sareng putra kinasihipun, Ismail. Ibadah kurban ingkang dipun awiti Nabi Ibrahim lan Ismail puniku mituduhaken suri tauladan yaniku pripun tresnanipun dumateng Allah Al-Khaliq kedah dipun wujudaken kelawan total, kelawan boten mangmang, senajan pinuh risiko.


Nabi Ibrahim temen-temen wantun nurut ngorbanaken putra sewiji-wijinipun senajan perintahipun dugi kelawan ngimpi, senajan Nabi Ibrahim kersa nggadahi putra puniku kelawan donga saben siyang lan daluh dumateng Gusti Allah sesampunipun garwa liyanipun, Siti Hajar, déréng lairan mawon. Al-Qur’an sampun nyariosaken pasrahipun Nabi Ibrahim nalika nerima titahipun Gusti Allah, Beliau ngendika maring putranipun kelawan nada demokratis, teng selebeté firman Allah Surat Ash-Shoffat ayat 102:


فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يٰبُنَيَّ اِنِّيْٓ اَرٰى فِى الْمَنَامِ اَنِّيْٓ اَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرٰىۗ قَالَ يٰٓاَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُۖ سَتَجِدُنِيْٓ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ مِنَ الصّٰبِرِيْنَ ١٠٢


Artosipun: “’Hei putraku, setuhunipun Bapa ngimpi waktos tilem menawi Bapa nyembeléh sampéyan. Pripun pendapat sampéyan, nak?’ Ismail ingkang masih enem mituduhaken pasrahipun uga, “Hei Bapaku, lakonana punapa ingkang dipun dawuhaken maring Bapa, Insyaallah Bapa badé sumerep menawi kula puniku tiyang ingkang sabar”.


Sedérék kaum Muslimin ingkang berbahagia
Senajan Gusti Allah dawuh malih dumateng Nabi Ibrahim kanggé ngegentos kurban Ismail kelawan domba, ngabdinipun Nabi Ibrahim kaliyan Ismail puniku temen-temen ibadah lan pengorbanan ingkang katah risiko. Mulané boten sawon menawi Gusti Allah ngendika menawi dawuh kurban kelawan ngimpi yaniku ujian ingkang nyata kanggé kalih hamba Allah puniku.
Kanggé umumipun menusa utamanipun ingkang tipis islamipun lan imanipun, dawuh Gusti Allah ingkang jelas mawon asring dipun langgar, punapa malih dawuh kelawan isarat ingkang boten jelas kaya déné ngimpi. Luwih luwih menawi dawuh puniku wonten kaitan saking jiwa, banda, lan dunya. Senajan hakikatipun boten wonten dawuh saking Gusti Allah puniku dipun lakoni nanging kanggé kesaéan, maslahat, keselametan, kebagjaan, sareng kepentingan menusa puniku. Gusti Allah boten nggadahi kepentingan teng selebeté perkara puniku.


Allahu Akbar 3x walillahi hamd!


Sedérék kaum Muslimin ingkang berbahagia
Katah perkara ingkang saged dipun pendet saking criyosan Nabi Ibrahim lan Ismail ingkang dados anjuran kanggé ibadah kurban tiyang Islam teng selebeté Idul Adha puniki. Nabi Ibrahim lan Ismail sampun mituduhaken pasrahipun utawi nurutipun ingkang total saking hamba Allah teng selebeté numindakaken ibadah. Lan nurutipun puniku gadah manpaat kanggé menusa, sanés kanggé Gusti Allah.


Saben ibadah teng selebeté Islam nuntut pasrahipun utawi nurutipun ingkang total keranten Allah, sanés keranten perkara liyan. Puniku ingkang kasebut ibadah ikhlas, lawan ikhlas yaniku riya’, kersa dipun tingali lan dipun puji makhluk. Kalih perkara puniku séjén, ikhlasipun ingkang inggil mengkinipun ngirangi sikap riya. Sewaliké, nalika ibadah, kula sedaya maksih kersa dipun tingali lan dipun puji, mila derajat ikhlasipun kedah dipun takénaken. Rasulullah durah ngémutaken menawi asta tengen nyukani, asta kiwa boten angsal ningali.


Sedérék kaum Muslimin ingkang berbahagia
Wondéné nilai spiritual saking ibadah kurban puniku uga wantun nanggung risiko ingkang abot, puniku wujud tresna dumateng Allah ingkang ngelangkungi tresnanipun dumateng liyan. Banda, jabatan, lan jiwa puniku boten nggadahi artos menawi dipun lampahi kanggé mahabbah maring Allah. Puniki sikap tauhid ingkang asli kaliyan mituduhaken imanipun lan takwanipun ingkang inggil. Dumateng Gusti Allah, takwanipun puniku badé janten neraca hisab ibadah kurban saking hambanipun, sanés keranten daging lan rah satowan ingkang dipun kurbanaken. Artos sikap nglampahi kurban ingkang total dumateng Allah puniku sanés Islam wucalaken gesang ingkang sengsara lan boten ningali dunya, tresna ingkang total puniku sanés kanggé Gusti Allah, nanging kanggé menusa supados menusa saged tresna kaliyan nglampahi kurban kanggé sedayanipun kelawan boten pamrih.


Khotib cumi saged mendet inti saking khutbah puniki menawi Nabi Ibrahim lan Ismail sampun buktosaken menawi menusa boten kénging kekrangkéng kelawan tresnanipun dumateng dunya yaniku banda, kalinggihan, lan jiwa kelawan lumangkung kaliyan kesupen maring hakikat lan tujuan gesang ingkang sejati yaniku angsal keridhaan Allah swt.


اَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا اَسْتَغْفِرُالله العَظِيْمِ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ .


Khutbah kaping kalih


اَلله اَكْبَرُ x٩
اَلله اَكْبَرُ كَبِيْرَ وَالْحَمـْدُلِلهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَاَصِيْلًا. اَلْحَمْدُ لله الَّذِيْ اَغَادَ الْأَعْيَادَ وَكَرَّرَ. اَحْمَادُهُ سُبْحَانَهُ اَن خَلَقَ وَصَوَّرَ. وَاَشْهَدُ اَنْ لَااِلٰهَ اِلَّاالله وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً يَنْقَلُ بِهَا الْمِيُزَانِ فِى المَحْشَرِ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًانِ الْمَبْعُوْثِ إِلَى الْاَسْوَدِ وَالْأَحْمَرِ. الَلّٰهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الْفَآئِزِيْنَ بِالشَّرَفِ الَافْخَرِ. 
اَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله فِيْمَا اَمَرَ. وَانْتَهُوْا عَمَّانَهَى. اَلله عَنْهُ وَحَذَّرَ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ الله تَعَالَى صَلَّى عَلٰى نَبِيِّهِ قَدِيْمًا. فَقَالَ تَعَالَى: اِنَّ لله وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبَى يَآ أَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. الَلّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحِمِّدٍ خَيْرِ الْخَلْقِ صَاحِبِ الْوَجْهِ الْأَنْوَارِ. وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنْ كُلِّ الصَّحَابَةِ أَجْمَعِيْنَ. وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اللّٰهُمَ اَعِزَّالْاِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَاَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلَاةِ الْمُسْلِمِيُنَ. وَاَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُبْسَدِعَةِ وَالْمُشْرِكِيْنَ. وَدَمِّرْ اَعْدَآءَالدِّيْنِ. وَاَعْلِ كَلِمَتِكَ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.  اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. رَبَّنَا ظَلَمَنَا اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَمْ تَغْفِرْلَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ لْخَاسِرِيْنَ. 
رَبَّنَا اَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا اَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الْآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَصَلَّى الله عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ. سُبْحانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ وَسَلَامٌ عَلٰى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُلله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. اَلله اَكْبَرُ، اَلله اَكْبَرُ، اَلله اَكْبَرُ وَلله الْحَمْدُ. 
وْالسَّلَامُ عَلَيْكُم وَرَحْمَةُ الله وَبَرَكَاتُهُ


Penulis: Taufiq Hidayat (Ketua Lembaga Takmir Masjid Pengurus Cabang Nahdlatul Ulama (LTM PCNU) Kabupaten Indramayu)
Penerjemah: Ari AJ


Khutbah Terbaru